Sesorah utawa Pidato

Sesorah yaiku matur ing ngajeng tiyang umum kanthi cara lisan mawi teks lan tanpa teks.

Ancasipun sesorah, yaiku:

Sesorah Persuasif         : inggih punika sesorah kanthi ancas mikut (mepengaruhi) pamirengipun.
Sesorah Argumentatif :inggih menika sesorah kanti ancas ngyakinaken pamirengipun.
Sesorah  Esposisi          :inggih menika sesorah kanthi ancas atur pangertosan pamirengipun.
Sesorah Deskripsi         :inggih menika sesorah kanthi ancas ngaturaken gegambaran kawontenan.
Sesorah Rekreatif         :inggih menika sesorah kanthi ancas atur panglipur.

Jenis sesorah miturut kahanan :

kahanan resmi                        = wonten institusi, naskah sampun didamelaken, bahasa resmi, mboten saged improfisasi.
kahanan setengah resmi        = wonten institusi, basa krama, naskah damel piyambak.
kahanan mboten resmi          = teng njaba kedinasan, basa bebas nanging sopan, dasar sesorah miturut pamirenge sinten.
kahanan liya-liyane                = saged resmi lan ora, miturut kahanan / panggonan lan pendengar


Pambagyaharja
tembung pambagyaharja punika dumadi saing tembung pambagya lan tembung raharja. Pambagya utawi pambage tegese anggone mbagekake utawi anggenipun ngurmati. Dene tembung raharja punika sami kaliyan rahayu, slamet, widada, begja, utawi luput saking kacilakan. Kanthi dasar katrangan punika, tembung pambagyaharja saged ditegesi sesorah kang isinipun ngaturaken kabar karaharjan utawi kaslametan marang tamu/priyayi kang diajak guneman. Ing basa Indonesia, tembung pambagyaharja diarani ucapan/sambutan selamat datang.
Adat saben pakulinan kang dipuntindakake ing adat jawa ngaturaken pambagyaharja ounika mboten matur piyambak nanging diwakili/sesulih. Sesulih kang maragani punika biayasane piyayi kang sepuh piyambak, gadhah jabatan, pangarsaing desa, lan sapiturutipun.
Supaya saged sesorah pambagyaharja kanthi becik, perlu ngrancang sesorah, kanthi nggatekaken bab-bab/babagan ngandhap punika :
1.       Napa mawon pokok-pokok isine,
2.       Damel cengkrongan (kerangka) sesorah,
3.       Mekarake cengkrongan sesorah punika kanthi milih tembung-tembung kang bener,
4.       Nggatosaken ungggah-ungguh (sesorah marang sinten),
5.       Maragakake utawa mraktekaken kanthi kedal (lafal), wirama (tempo), wirasa (intonasi), lan patrap (sikap kang bener).
Cengkrongan/kerangka sesorah/pidato :
a.       Pambuka
-          Salam pambuka
-          Mbagekake para tamu
-          Ngucapake syukur
-          Ngaturake panuwun
-          Nyebutake dhiri pribadi lan ayahane
b.      Surasa/isi
-          Ngaturake wose pahargyan
-          Ngaturake kawilujengan
-          Ngaturake panuwun
-          Ngaturake kaluputan menawi wonten kekurangan anggone nampa karawuhan
-          Nyuwun dongane para tamu
c.       Panutup
-          Pangarep-arep
-          Mungkasi kanthi ngaturake dudutan/kesimpulan
-          Ngaturake kaluputan anggone matur
-          Salam

semoga bermanfaat.... :)

Sesorah utawa Pidato

2 Responses to "Sesorah utawa Pidato"